Senin, 14 Januari 2013


Kali ini masamru ingin berbagi contoh undangan pernikahan versi bahasa jawa yang pernah mampir ke tempat masamru. Bahasanya lumayan berbobot dan halus. Asal undangan dari daerah Jawa Timur. Simak saja undangan berikut ini:

Hal 1:
Sedhahan / Undangan

Ahad Wage , ................................. 2012
Alamat Pelaksanaan Acara


Mugi Katur Dhumateng
Bapak/ Ibu/ Sedherek :



____________________________

Nyuwun Pangapunten menawi wonten
kalintunipun panyeratan nami, alamat & gelar.





 Hal Pembuka
…………………, Nopember 2013

Pamuji Rahayu
Rinenggeng kamulyaning Gusti Ingkang Amurbeng Gesang sayekti mahanani
Kalampahing sedya nambut silaning akrami :
Kanjeng Gusti Putri Ayu
Putri Bapak ……………………….. & Ibu ……………………….
Alamat Putri

Kaliyan

Raden Mas Putra Ganteng
Putra Bapak……………… & Ibu ……………………
Alamat Putra

Dhaup Suci / Ijab Qobul :
Ing dinten ……………., Surya Kaping …………….. 2013
Wanci tabuh 07.30 WIB
Panggenan wonten ing ……………………………..

Upacara Panggih :
Ing dinten ……………. , Surya kaping ………………. 2013
Wanci tabuh 10.00 WIB
Panggenan wonten ing ………………………..





Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Winantu sagunging pakurmatan
Kanthi lumaraping nawala sedhahan, minangka sesulih pisowan kula
wonten ing ngarsa panjenengan, sinartan nyadhong berkahing Gusti
Ingkang Maha Linangkung, kula sabrayat hanggadhahi pangangkat
badhe ngawontenaken syukuran tuwin pawiwahan
dhauping Sri Pangantin anak kula

Ing dinten ……………, Surya kaping …………….. 2013
Wanci tabuh 10.00 – 11.00 WIB
Panggenan wonten ing …………………………
Jl……………………………

Satuhu badhe damel bombing saha mongkoging manah kula sabrayat, bilih dangan ing penggalih saha sepen ing sambekala Bapak/ Ibu kepareng rawuh hangestreni saha paring berkah pangestu dhumateng anak kula Sri Panganten supados dados kulawarga ingkang Sakinah, Mawaddah, Warohmah, bagya tuwin mulya ing donya prapteng delahan. Amin.
Wasana kula sagotrah sanget hangajeng-ajeng menggah ing karawuhan panjenengan saha hangaturaken agunging panuwun miwah nyuwun lumbering pangaksami sadaya kekirangan dalah kalepatan kula.
Nuwun.
Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Atur taklim kula

Kulawarga                                 Kulawarga
Bapak …………………                       Bapak………………..
Ibu ……………….                      Ibu …………………..


Gusti Ayu & Mas Ganteng

Untuk tata letak silahkan anda atur sendiri ya...



--
Posting oleh Blogger ke Gudang Artikel pada 1/14/2013 02:56:00 AM